Senin, 07 September 2015

WAOSAN BOSO JAWI



Waosan: Luk. 18: 9-14
Jejer: “Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Paduka welasi” (ayat 13b)

Kenging punapa? 
Karana tiyang rumaos sampun sae, sampun pinter, sampun sembada, boten betah malih nasihat murih saya mindhak sampurna. Karana makaten, saya mindhak sepuh, saya kathah pengalaman, saya tertutup tumrap kritik. 
Tiyang, kosok wangsulipun, sami remen dipun alembana. Menawi boten wonten tiyang ngalembana, lajeng ngalembana awake dhewe. Punika yektosipun boten pantes.
Inggih makaten ingkang dipun tindakaken dening tiyang Farisi ing padaleman suci, nalika dedonga. Tiyang Farisi rumaos sampun ahli ing bab tata caraning pangabekti. Sampun ahli ing babagan kitab suci. 
Gesangipun tansah ngudi kesalehan ing saben dinten. Mila, boten ngantos kedlarung-dlarung, tiyang makaten punika enggal-enggal mratobat yen rumaos nlgampahi dosa. Mila, boten ngantos dipun timbali supados mratobat, sampun gumregah piyambak, mratobat. 
Tiyang ingkang tansah ngudi gesang ingkang saleh saben dinten, mesthi dados saleh gesangipun. Karana makaten, inggih lajeng boten rumaos wonten prakawis ingkang perlu dipun getuni ing pangayunanipun Allah.
Nanging, lajeng, punapa malih ingkang kaajeng-ajeng saking Gusti Allah? Menawi gesangipun manusa sampun lan tansah saleh, punapa ateges boten betah dhateng Gusti Allah malih? 
Yen pambudidayanipun manusa pribadi sampun karaos cekap, punapa tanpa gina pitulunganipun Gusti Allah?

Menawi tiyang dados saleh saestu, tiyang wau sumuyud dhumateng Gusti Allah. 
Gesangipun saya celak dhumateng Gusti Allah. Lajeng, ngrumaosi, bilih gesang ing kadaginganipun dados wangkit anggenipun sesambetan kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah asipat Roh. 
Mangka manusa gesang taksih bekta lebuning bumi. Rohipun Allah ing angganipun manusa tansah sumuyud dhateng Allah, nanging raganipun manusa ingkang dumados saking siti asipat wadhag. Menawi ngengeti cariyos dumadine manusa, manusa namung kados boneka lemah. Sasampunipun kasebulaken ambegan dening Allah, nunten manusa saged gesang. 
Dikadosa pundi ingkang wadhag punika saged gesang sauger kasinungan Roh Allah. Dados, mesthi, manusa betahaken Gusti Allah. Menawi manusa sampun rumaos cekap ing dhirinipun pribadi, punika sami kaliyan tiyang farisi ingkang kumalungkung. Gusti tansah nimbali, murih kita saestu sumuyud, andhap asor, lan gumantung dhumateng Gusti Allah. 

Dhuh, Allah, kawula nyuwun pangapunten tumrap kumalungkung kawula.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar